SELAMAT DATANG

Senin, 31 Desember 2012

BASA JAWA



ADAT MITONI

Dening : Moh. Solekhudin
Kelas XII IPA 2
        SMA N 2 Pekalongan



Abstrak
Mitoni yaiku Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren
Kata kunci
Adat, mitoni

Pendahuluan

Saben masyarakat nggadahi adat ingkang beda maro liyane. Adat punika turun temurun terus dilestarikanken marang masyarakat. Khususepun masyarakat jawa kang dhuweni adat kathah . salah sawijining adat jawa kang tasih dilesarikaken yaiku mitoni. Mitoni yaiku upacara kang dilakukaken ana ing wulan ke pitu saking bayi tasih ing kandungan. Masyarakat biasane milih dina kang apik kanggo upacara mitoni.
Mitoni iku dhuweni upacara liya yaiku: siraman, mlebukaken telur ayam kampung ke sarung, brojolan utawa masukaken kelapa gading kang tasih enom, ganti busana, mutus lilitan janur, mecahaken gayung kang digawe saka tempurung kelapa,ngombe jamu sorongan ,lan nyolong endhog.

Isi artikel
Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan yaiku :
1.     siraman, yaiku upacara simbol kanggo reresik awake dewe.tujuane supadoscalon ibu resik saking dosa-dosa
2.     nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu dening calon bapak. Upacara iki dilakukaken ing kamaramandi lan tujuane supadosbayi lahire gampang.
3.     salin rasukan,tujuanipun supados bayi kang lahir ndhuweni sifat sing apik kayata ing lambang kain kasebut
4.     brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, maksudipun supados bayi sing lahir mboten sulit
5.     medhot lawe utawa lilitan benang janur, tujuane supados kelahirane bayi lancar
6.     mecahake wajan lan gayung, tujuane menawi ibu tasih ngandung , lahire tetep gampang.
7.     nyolong endhog, dilaksanaken calon ayah yaiku nggawa telur lajeng ngelilingi kampung.
8.      pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep.
Sak wise  kabeh upacara dilaksanaken, upacara mitoni di anggap wis rampung, lajengipun diakhiri donga kang dipimpin oleh dukun.selametan utawasesajian sebagianipun di gawa bali sing melu upacara kasebut.
Kesimpulan
Mitoni iku upacara kang diadakake wektu calon ibu meteng pitung sasi. Mitoni ndhuweni acara-acara liya.ngantos saiki adat mitoni tasih dilaksanaken wonten ing masyarakat jawa.
Daftar pustaka
http://jv.wikipedia.org/wiki/Mitoni




Tidak ada komentar:

Posting Komentar